Sabtu, 01 Mei 2021

Contoh Soal Bahasa Jawa

 

MAJELIS PENDIDIKAN DASAR DAN MENENGAH

MUHAMMADIYAH TRUCUK

PENILAIAN TENGAH SEMESTER GENAP

TAHUN PELAJARAN 2020/2021

Mata Pelajaran     : Bahasa Jawa                                                    Hari/Tanggal        : Senin, 19-09-2021

Kelas                   : IX                                                                      X: 11.00-12.30


Perhatian :  1. Semua jawaban dikerjakan pada lembar jawaban yang tersedia

                   2. Nama dan nomor peserta ulangan di tulis pada sudut kanan atas lembar jawaban


                   3. Gunakan waktu yang  tersedia sebaik-baiknya.

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki sarana mengehi ping (X) ana ing aksara a, b, c utawa d kang paling bener !


Wacan kanggo soal nomer 1-6

Anoman lajeng nglejengaken lampah. Sareng dumugi baluweri Ngalengkadiraja, Anoman lajeng mlebet wonte ing taman Arga Soka kanthi mlumpat baluwarti saperlu manggihi Rekyan Wara Sinta. Anoman lajeng sesingidan wonten ing wit Nagasari saperlu ngulati kawontenan murih sampu ngantos kasumurupan dening para yaksa prajineman ingkang njagi taman. Sareng kawontenan sampun sepen, anoman lajeng tetembangan wonten ing ngriku satemah kepireng dening Trijatha (Putranipun Raden Gunawan Wibisana, rayinipun Prabu Dasamuka, ingkang tinanggenah ngladosi (Dewi Wara Sinta), Dewi Trijatha ugi lajeng nyaketi suwanten punika ingkang mboten sanes suwantenipun Anoman.

1.    Kang dadi dutaning Prabu Ramawijaya yaiku sawijining kethek kang aran ….

a.       Subali                           c. Anoman

b.      Sugriwa                        d. Indrajit

2.    Anoman di utus nggoleki Dewi sinta kang kadhusta dening Prabu Rahwana ing negara ….

a.       Ngamarta                      c. Guwa Kiskenda 

b.      Mandura                       d. Ngalengkadiraja

3.    Dewi Sinta dipapanake dening Prabu Rahwana ing Taman …

a.       Taman Argasoka

b.      Taman Ngalengkadiraja

c.       Taman Alengka

d.      Taman Swargaloka

4.    Anoman sesingidan ana ing sawijining uwit kang aran ….

a.       Palem                            c. Pakis

b.      Nagasari                       d. Jati

5.    Dewi Sinta ana ing sajroning taman di jaga dening wanita putrane Raden Wibisana kang duwe watak ….

a.       Sesongaran                   c. Wengis

b.      Licik                             d. Sabar

6.    Anoman menek ing sadhuwure wit Nagasari amarga kepingin ….

a.       Ngerteni sapa kang ana ing Taman kasebut

b.      Duwe garwa dewin Sinta wanita kang ana Taman

c.       Nakyenake Keslametane Dewi Sinta

d.      Nggarwa marang Dewi Trijatha

 

Wacan kanggo soal nomer 7 – 8

Ing taman amung Dewi Trijatha sing bisa ngarih-arih lan mbuhuk Dewi Shinta supaya gelem mangan. Dewi Trijatha kuwi anake Gunawan adhine Prabu Dasamuka, dadi ponakane Prabu Dasamuka.

7.    Dewi Trijatha kang duwe kuwajiban njaga Dewi Sinta. Kuwajibane Dewi Trijatha marang dewi Sinta yaiku ….

a.       Ngandhani supaya Dewi Sinta gelem digarwa marang Prabu Rahwana

b.      Nglipur marang Dewi Sinta Supaya enggal gelem krama

c.       Ngarih-arih lan mbujuk Dewi Sinta supaya ora sedhih

d.      Ngancani Dewi Sinta amarga dheweke dhewe ana ing Taman Argasoka

8.    Dewi Trijatha kang kaparingan kuwajiban njaga Dewi Sinta iku satemene putrane ….

a.       Indrajit                                     c. Kumbakarno

b.      Anoman                        d. Sarpakenaka

9.    Anoman lajeng sesingidan wonten ing wit Nagasari saperlu ngulati kawontenan murih sampun ngantos kasumurupan dening para yaksa prajinimen ingkang njagi taman.

Tembung yaksa dasanamane …

a.       Yoga, atmaja                c. Nalendra, katong

b.      Rewanda, kapi                         d. Buta, reseksa

10.    Ukara kang nggunakake dasanama yaiku …

a.       Samodra kidul iku mujudake laut kang ombake ngegirisi, awit saka gedhene.

b.      Anak kang bekti marang wong tuwa iku dadi bocah kang bisa gawe mbombonging wong tuwane

c.       Sesuk sore bocah-bocah MTs Istiqomah padha plesir ana ing pesisir Baron lan Kukup

d.      Nalika dina Minggu akeh kang padha mantu ana ing gedhung

11.    Dasanamane tembung giri, arga, ancala, bisa katemokake ing ukara …

a.       Wisma ing Ngayogyakarta padha dibanjiri dening turis Mancanegara

b.      Siswa MTs Pandhawa padha plesir ing pesisir Parangtritis

c.       Bocah bocah Pecinta Alam lagi padha munggah Gunung Lawu.

d.      Putranipun Pak Mitra Ingkang mbajeng sampun dados dokter 

12.    Serat Wulangreh kaanggit dening salah sawijining narendra ing kraton Surakarta kang asmane ….

a.       Pakubuwana III         c. Mangkunegara V

b.      Pakubuwana IV         d. Mangkunegara VI

13.    Tembang macapat iku dewe watak kang beda-beda, dene watake tembang macapat Dhandhanggula yaiku …

a.       Luwes, kewes, dudut ati

b.      Sabar, grapyak, sumanak

c.       Brangta, asmara, kingkin

d.      Seneng, tresna, asih

Wacan kanggo soal nomer 14-16

Lamun ana wong micara kaki, tan mupakat ing patang prakara, aja sira age-age, anganggep nyatanipun, saringana dipubaresi, limbangen kang patang, prakara rumuhun, dalil, hadits lan ijemak, lan kiyase papat iku salah siji, ana kang mupakat.

14.    Paugeran tembang macapat dhandhanggula ing dhuwur yaiku …

a.       10i, 10a, 8e, 8u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

b.      10i, 10a, 8e,, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

c.       10i, 9a, 8e, 7u, 8i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

d.      10i, 10a, 8e,, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 6a

15.    Aja sira age age

Tembung sira duwe teges …

a.       Anak, putra, sunu

b.      Ngger, le, ndhuk

c.       Panjenengan, sampeyan, kowe

d.      Aku, kula, dalem

16.    Patang prakara kang digunakake kanggo pandoming urip yaiku …

a.       Hadits, kiyas, qur’an, dalil

b.      Kiyas, hadits, dalil, qur’an

c.       Qur’an, kiyas, hadits, dalil

d.      Dalil, hadits, ijmak, kiyas

17.    Pandoming urip iku miturut wacan ing dhuwur ditujokake kanggo ….

a.       Kabeh bocah sekolah

b.      Kabeh kang maca wacan kasebut

c.       Kabeh manungsa ing alam donya

d.      Kabeh wong tuwa ing alam donya

18.    Menawa ana wong kang micara babagan ilmu, aja enggal-enggal nganggo ngelmu kasebut ananging awakke dhewe kudu bisa ….

a.       Nyaringa ngelmu kasebut

b.      Njupuk sing awakke dhewe bisa nglakoni

c.       Ditindakake kabeh

d.      Njupuk ngelmu kang disenengi

Wacan kanggo soal nomer 19-21

Bu Sari     : Bu, putra panjenengan ingkang mbajeng asmanipun sinten ?

Bu Dita    : “O… kula ingkang bajeng .. fatimah Azahra

Bu Sari     : “Sampun nyambut damel ? Wonten pundi ?

Bu Dita    :  Sampu, nyambut dalem wonten Semarang.?

                   “Lha menawi putra penjenengan mbak Nita Sampu…. Dereng ?”

Bu Sari     : “Menawi anak kula sampu emah-emah lan samenika sampun gadhah anak kalih”

19.    Tambung kang trep kanggo ngganepi ngendikane BU Dita anggone mangsuli pitakonane Bu Sari kang spisanan yaiku ….

a.       Anak, asmanipun       c. Putra, asmanipun

b.      Putra, namanipun       d. anak, namanipun

20.    Basa kang digunakake dening Bu Sari marang Bu Dita yaiku

a.       Basa krama lugu

b.      Basa krama alus

c.       Basa ngoko lugu 

d.      Basa ngoko alus

21.    Pitakonane Bu Dita marang Bu Sari durung ganep, tembung kanggo ngganepi ukarane Bu Dita yaiku ….

a.       Bojo                           c. garwa

b.      Krama                        d. emah-omah

22.    Pak Fauzah ora sida mara ana omahe Pak Zaki amarga dheweke lagi lara weteng.

Ukara ing dhuwur menawa kaowahi dadi basa krama kang trep karo unggah ungguhe yaiku …

a.       Pak Fauzan mboten estu dugi wonten griyanipun Pak Zaki amargi piyambakipun nembe gerah padharanipun

b.      Pak Fauzan mboten estu sowan wonten dalemipun Pak Zaki amargi piyambakipun nembeh sakit padharanipun

c.       Pak Fauzan mboten estu sowan wonten griyanipun Pak Zaki amargi piyambakipun nembe gerah padharanipun

d.      Pak Fauzan mboten estu sowan wonten dalemipun Pak Zaki amargi piyambakipun nembe gerah padharanipun

23.    Perangane carita kang nelakake papan, wektu lan swasana, iku mujudake unsur intrinsik saka sandiwara, unsur intrinsik kasebut arane….

a.       Latar                           c. Alur

b.      Watak                         d Sudut pandang

24.    Sawijining pagelaran sandiwara mesthi ana piwulang kang kakandhut ing crita kasebut. Kang diarani piwulang utawa amanat yaiku …

a.       Lakune carita kang ngandharake papan, wektu lan swasana

b.      Lakune carita kang ana wacan kasebut

c.       Piwelinge panulis marnag para pamaos

d.      Tulisane panganggit kang kajumbuhake marang carita

 

Wacan kanggo soal nomer 25 – 26

Swara ghaib         : “He…, cah wadon ayu”

Kleting Kuning   : “Sapa kuwi?”

Swara ghaib         : “Kowe ora perlu wedi lan kowe ora perlu ngersti sapa aku, aku kang mengko bakal nulung marang sliramu”

Swara ghaib         : “Aku arep menehi pusaka. Mbok menawa pusak iki ana paedahe ing uripmu. Pusaka iki arane jimat kalimasada. Tampanana Cah ayu ! Tampanana ! Jimat iki kanggo keslametanmu.”

Kleting Kuning   :  “Inggih matur nuwun.”

25.    Manut wacan ing dhuwur, Kleting Kuning ditemoni sawijining swara ghaib. Swara ghaibe iku duwe watak kang ….

a.       Tansah gawe susah marang wong kang nandhang kacilakan.

b.      Tansah mitulungi marabg wong kang becik atine

c.       Gawe kuciwa marang wong kang kang lagi bungah

d.      Menehi barang kang aji kang digunakake kanggo semedi

26.    Kleting kuning diwenehi pusaka dening swara ghaib, pusaka kasebut arane ….

a.       Jimat kalimasada        c. Keris sekti

b.      Jimat kaliwara            d. Keris japamantra

27.    Zakiyah anggone njoged katon luwes ndadekake para pamirsa padha kasengsem, amarga tangane ….

Tembung panyandra kang trep kanggo wacan ing dhuwur yaiku ….

a.       Nanggal sepisan

b.      Ngembang duren

c.       Nggendhewa pinenthang

d.      Mblarak sempal

28.    Nalika ibu Fatimah gumujeng ketingal wajanipun ingkang ….

Tembung panyandra kang trep kanggo wacan ing dhuwur yaiku…

a.       Mucuk eri                   c. blalak blalak

b.      Ngandhan aridhan     d. miji timun

29.    Umure adhike ahmad wis 5 tahun, dene dhuwure 93 sentimeter.

Ukara ing dhuwur menawa katulis nganggo aksara jawa yaiku ….

a.

 

 

 

 

 

 

b.

 

 

 

 

 

 

c.

 

 

 

 

 

 

 

d.

 

 

 

 

 

 

Wacan kanggo soal nomer 30 – 32

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

30.     

 

 

 

 

 

a.                                          c.

 

b.                                      d.

 

 

31.     

 

 

 

a.        

 

b.       

 

c.        

 

d.       

 

 

32.    Miturut wacan kasebut cacahe bebek yen digunggung sakabehe ana ….

 

a.                                         c.

 

b.                                         d.

 

33.     

 

 

 

Ukara ing dhuwur macane …

a.       Para siswa lagi padha maca Qur’an kaca 173

b.      Bocah bocah pada sinau basa jawa kaca 192

c.       Para siswa lagi padha maca buku kaca 162

d.      Siswa kelas 7 lagi sinau maca buku kaca 183

34.    Ibu maringi dhuwit Rp. 215.000 kanggo mbayar buku.

Ukara ing dhuwu menawa katulis nganggo aksara jawa yaiku ….

 

a.

 

 

 

 

b.

 

 

 

 

c.

 

 

 

 

e.

 

 

 

 

35.     

 

 

 

a.       Ibu Kartini

b.      Ki Hajar Dewantara

c.       Ir. Sukarno

d.      Kanjeng Nabi Muhammad

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar