Kamis, 29 April 2021

PAHARGYAN PANGGIH JOWO TEMANTEN

 

PAHARGYAN PANGGIH JOWO

 

Assalamu’alaikum…. Alhamdulillah wa syukurillah wani’matilah, washolatu wassalam ‘alla asrofil ambiyai wal mursalin sayyidina wa maulana muhamamdin wa’alla alihi washohbihi ajma’in, robbi soohli sodri wayassirli amri wahlul uktadim millisani yaf qohu qouli amma ba’du.

Kawulo nuwun

Panjenenganipun poro pepunden, poro pinisepuh, sesepuh, aji sepuh ingkang hanggung mastuti dumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundi.

Poro pangemban pangembating projo satrianing nagari minongko pandam pandoming poro kawulo dasih ingkeng pantes katuran sagunging pakurmatan.

Poro sarjono poro sujono sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan ingkeng satuhu bagyo mulyo.

Nun inggih brayat ageng baroyo wiro wiyoto, baroyo wiro tamtomo, poro purno karyo labet projo ingkeng mahambek luhuring darmo.

Poro satyo wredo, poro caroko madyo, poro tamu kakung putri ingkang dahat kalinggo murdaning akrami.

Inggih kanthi linambaran pepayung budi rahayu, miwah hanganturaken sewu agunging pangaksomo, mugi keparengno kawulo hambuko wiwaraning suko, wenganing wicoro dwaraning khondo, nun inggih hawit mradopo saking keparengipun ingkang hamengku gati Bp/Ibu ……………………………. Kawulo piniji hanjejeri minongko pambiworo ingkang sak perlu mratitisaken murih rancakking adicoro pahargyan prasojo ing kalenggahan puniko.

Namung sakderengipun kawulo hangaturaken menggah reroncening toto adi acoro, kinaryo hamurwani lekas wekasing karti gatining karyo, murih purwo madyo wasono saget lulus raharjo tinebihno saking sedoyo pambeng nir ing sambikolo.

Sumonggo kawulo dereaken manungku pujo astowo dumateng gusti ingkang moho agung, satemah hambabar doyo pangaribowo ingkang tumanduk dumateng kawulo dasih. Kacihno kawulo lan panjenengan sedoyo taksih keparingan rohmat, lan nikmat gumelaring alam agesang wonten ing madyaning bebrayan agung, saget hanglonggaraken wekdal lan penggalih rawuh kempal manunggal wonten ing pahargyan puniko, ingkang saperlu hanjenenggi soho paring berkah pangestu dumateng panjenenganipun Bp/Ibu …………………… anggenipun hanetepi darmaning asepuh, hangrakit sekar cepoko mulyo miwoho siwi mahargyo suto.

Dhaupipun Nimas Ayu …………………… ingkang ari puniko jinatu kromo dening Dimas Bagus …………………………………… atmojo putronipun Bp/Ibu ……………………

 Ingkang mijil saking laladan ………………… tetepno winengku ing suko basuki.

Poro tamu lan poro lenggah sedoyo ingkang sinubo ing pakurmatan, inggih sinawung raos syukur ing ngajeng keparengno kawulo hangaturaken menggah reroncening toto adicoro ingkeng sampun rinancang, rinakit rinumpoko dening poro keluargo ingkeng hamangun suko, ewondene adicoro ingkeng badhe lumadi nun inggih.

1.      Pambuko

2.      Sowanipun temanten putri mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasono rinenggo, kalajengaken rawuh lan jengkaripun putro temanten kakung tumuju dateng madyaning sasono wiwoho .

3.      Atur pasrah panampining putro temanten kakung saking poro poro ingkeng sampun piniji, kalajengaken dhaup panggihing temanten anut satataning adat widhi widhono ingkeng sampun sinengker, tumuntun upocoro krobogan.

4.      Atur pambagyoharjo miwah panuwun saking ingkang hamangku gati katur sagung para tamu.

5.      Lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasono wiwoho manjing ing sasono busono kasatriyan.

6.      Sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantoro poro tamu sak perlu nyenyadong pudyastowo murih widodoning bebrayan.

 

-          paripurnaning pahargyan inggih jengkaring temanten sarimbit saking madyaning sasono rinenggo tumuju dateng wiwaraning wismo.

-          Para tamu lan para lenggah sedoyo ingkang sinubo ing pakurmatan mekaten menggah urut reroncening tata upacara pahargyan puniko, pramilo wonteno suko lilaning penggalih kasuwun tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih sarwi paring pujo hastowo puji hastuti ngantos parpurnaning pahargyan ing kalenggahan puniko, nuwun.

v  Poro tamu lan para lenggah sedaya ingkang kinurmatan

Jumbuh kalian urut reroncening adicara, sumangga adicara enggal kawiwitan binuko sesarengan kanthi waosan basmallah…. Bismillahirrahmanirrahiim

-          Sak lajengipun karana sampun paripurno sri atmaja temanten putri anggenyo hangadi salira mulas wedono, keparenging sedyo sri atmojo temanten putri badhe humarak sowan wonten ing sasono rinenggo, wondene jengkaring sri atmojo temanten putri saking sasono busono kakanthi panjenenganipun ibu …… saha ibu ….. hambok bilih sampun samekto ing gati murih rahayuning sedyo kesumanggaaken, lan jengkaring temanten putri binarung ungeling ketawang puspawarno.

 

PANYANDRO TEMANTEN

PUTRI KALENGGAHAKEN

-          Binarung swaraning pradonggo Hanggrangin hambabar ketawang puspowarno

Ono gondo hangambar arum katiubing samirono mondo, kawistoro jengkaring sri atmojo temanten  putri mijil saking tepas wangi, tepas mengku werdi papan, wangi wus hangarani ateges mijil saking panti busono nedyo humarak sowan wonten ngarsanipun poro rawuh manjing saklebeting sasono rinenggo kinantenan ibu….. soho ibu ….

-          Sri temanten putri hanggagem busono ingkang sarwo retno hangembo busananing garwo noto, katon pating gelebyar pating pancurat lamun kasaru sunaring pandam kurung ingkang hanggrenggani sasono adi, pan yayah kartiko hasilih prenah.

Hanggagem puspito rinonce ing ukeliro, sinampiraken wonten ing pamindangan tengen, lamun katiyubing samirono mondo kongas gandane hangebengi wismo pawiwahan, endah edining busono hamimbuhi gandes luwes solah bawane, lamonto cinondro ical sipating janmo sawantah pan yayah bethari ratih ngejo wantah.

-          Tindak iro sri atmojo temanten putri hamucang kanginan lengkeh lengkeh pindho singo lupo, sapecak mangu satindak kendel pangudas maraning driyo ingkang dereng kawijiling lesan hangrantu praptaning mudo taruno minongko gegantilaning nolo

-          Wus handungkap prapto hunggyan ingkang tinuju, putro temanten putri nulyo kalenggahaken wonten ing sasono rinenggo hangrantu laksitaning adicoro ingkang sampun tinamtu.

 

SAKSAPUNIPUN TEMANTEN PUTRI KALENGGAHAKEN (ACARA SAKLAJENGE)

-          Poro tamu lan poro lenggah sedoyo ingkeng kinurmatan

Kawistoro sri atmojo putri sampun lenggah hanggono raras wonten sasono adi inggih, ing sasono rinenggo ingkeng ateges lenggah piyambakan lamun cinitro ing ukoro semu kuciwo ing wardoyo koyo-koyo hangrantu praptaning satriyo mudo ingkeng dadiyo gegantilaning nolo, memanik ing netro kang lagiyo labuh negoro.

-          Nun inggih poro tamu lan poro lenggah sedoyo ingkeng kinurmatan laksitaning toto upocoro saklajengipun sowaning putro temanten kakung saking wismo palereman ingkang kakanthi panjenenganipun BP ……………. Soho wondene ingkeng hamboyong sekar cepoko mulyo inggih kembar mayang panjenenganipun ibu ……………. Soho ibu ……………. Sarto ibu …………….. minongko panyonsongipun, caroko pametuking putro temanten kakung inggih panjenenganipun Bp…… soho bp …………. Lan jengkaring putro temanten kakung ginarubyuk poro kadang wandowo binarung ungeling ladrang wilujeng sumonggo.

 

 

PANYONDRO SOWANING PUTRO TEMANTEN KAKUNG

Binarung swaraning pradonggo ingkang hangrangin hambabar ladrang wilujeng. Kawistingal jengkaring temanten kakung saking wismo palereman ing pangajab mugi tansah manggih kawilujengan kalis ing rubedo nir ing sambikolo, gumebyar busananing putro temanten kakung hangagem busono ingkang tinaretes benang sotyo, ngagem kuluk kanigoro hangembo busaning noto.

Dampyak dampyak poro kadang wandowo ingkang samiyo hangayap tindaipun putro temanten kakung, temanten kakung hanggyo lumaksono lengkeh lengkeh pindho singo lupo, riak hanggajah nggoling sapecak mangu satindak kendel semu hangungu hanguningani endah edining swasono ingkang hangrenggani tawinging wiworo.

Wus ndungkep unggyan ingkang tiniju geyo kendel tindak iro wonten sak ngajene wiworo, kepareng sedyo hangrantu laksitaning adicoro saklajengipun.

UPOCORO PASRAH TEMANTEN

-          Poro tamu lan poro lenggah ingkang kinurmatan

Wus tinoto titi tataning gati, nun inggih putro temanten kakung sampun jumeneng wonten ing sak ngajenging wiworo kepareng badhe hanetepi upocoro pasrah, wondene ingkang kepareng hamasrahaken penjenenganipun Bp………… minongko sulih saliro keluargo besan, ……………. Wondene ingkang piniji hanampi ing sakmangke penjenenganipun Bp. ……..

Hambok bilih sampun samekto ing samudayanipun dumateng poro poro ingkang piniji swasono kasumanggaaken. Nuwun.

 

PURNO PASRAH TEMANTEN KAKUNG

(NGANCIK PANAMPI)

-          Satuhu tatas titis, wijang gamblang, cetho terwoco tumoto datan tumpang suh, atur pangandiko pasrah saking Bp ….., saklajengipun geyo tinampi penjenenganipun Bp……. Minongko talanging boso ingkang hamengku gati, sumonggo wekdal kasumanggaaken.

 

 

ACARA PANGGIH

Sampun paripurno pasrah panampinipun putro temanten kakung kanthi wilujeng nirboyo nirwikoro, kanthi puniko dumugi wahyaning mongso kolo laksitaning adicoro panggih anut adat widi widono ingkeng sampun sinengker, parandene adicoro panggih puniko badhe kapratitisaken dening Ibu juru sumbogoning panganten (juru rias nu inggih ibu …. .. )

Awit saking puniko dumateng ibu …. Murih rahayuning sedyo hamung sumonggo, kanthi ungeling gending kodok ngorek.

PANYONDRO PANGGIH TEMANTEN

-          Reep tidhem permanen, datan ono sabawane walang salisik, bebasan gedodhongan tan obah awit samirono tan lumampah. Kang kapyarso amung swarane pradonggo ingkeng munyo ing sasono wiwoho. Awit sedoyo kolowau keno pangaribawane kang samiyo binojo kromo.

Tuhu wis pinesti ono titahing gusti ingkeng asipat jalu lan wanito ingkeng nedyo ngancik ing ngalam madyo nun inggih sambut silaning akrami, sarto mulat edi endahing budoyo.

-          Budoyo ingkeng ateges laku pangolahing budi, wondene titikanipun tiyang kolowau

1.      Landhep panggraitane

2.      Tanggap ing sasmito

3.      Susilo hanurogo

Puniko ingkeng saget hambabar pakarti budi luhur

-          Soyo caket tindak iro temanten kekalih, geyo samiyo apagut tingal, tempuking catur netro handayani pangaribowo ing hambabar manunggaling nolo ingkeng tumanem ing sanubari.

-          Nulyo kumlawe astane temanten putri sarwi hambalang gantal mring temanten priyo kang winastan gondang kasih.

-          Datan saronto temanten kakung ambales hambalang gantal mring temanten putri kang winastan gondang tutur, sedoyo kolowau asung pralampito dumateng temanten kekalih mugi tansah manunggal cipto, roso miwah karsane suruh pituduh sumurupo nganti weruh, bisoa nganti tekan raosing roso inggih roso sejati.

PANYONDRO TINAPAK TIGAN

Kawistoro konang tigan tinapak podho pecah saknaliko dening temanten kakung, puniko asung pralampito bilih temanten kakung calon dados lantaraning tuwuh wiji ingkang suci, pratimo bangkit toto jalmo putro kinaryo tetalining akromo.

PANYANDRO WISUH SUKU

Tanggap temanten putri gito-gito hanjengku mring pepadhaning keng roko sarwi sumembah sarto hamiji pepadanging ingkang garwo.

PANYONDRO SINDURAN

Titipurno adicoro panggih, tumuli lumadi adicoro sinduran. Kawistoro temanten kekalih sinengepan sindur ingkang kaaturaken dening ibu, tanggaping sasmito ingkang bopo gito gito hangasto poncoting sindur tumuli hanganti putro temanten kekalih tumuju ing kursi polokrami.

Kawuryaan alon-alon tindake lan banget pangati atine ingkang bopo tuwin ibu hanganti putro temanten sekalian tumuju unggyan kang tunuju

Sedoyo kolawau asung pralampito dumateng kang binojo kromo, mugi-mugi anggenipun nepusi jangkaning agesang mangun brayat anyar tansah kebak ing pangati ati, datan grusa grusu mundak kesluru, tan milik barang elok jalaran keselak muluk.

Poro rawuh soho poro lenggah sedoyo, wus handungkap prapteng unggyan kang tinuju, sung sasmitho panganthining temanten, geyo kelenggahaken ing sasono wisudho tomo hangrantu laksitaning toto upocoro ingkang sampun tinoto,. Nuwun.

 

PANOTOCORO BADHE UPOCORO KROBOGAN

-          Tinon wus paripurno upocoro panggih, satuhu trep pindho curigo panggih kalian warongko. Bebasan getih rong tetes, daging rong tempel, balung rong ceklek, samangke sampun manunggal dadiyo sajugo. Sang jejoko miwah sang kenyo mangkeyo wus manunggal ing karep, munggal sedyo, nunggal tekat, ninggal ati, nunggal rogo lan nunggal jiwo mbangun brayat anyar wonten madyaning bebrayan agung.

 

BOBOT TIMBANG

-          Poro tamu lan poro lenggah ingkeng mahambeg luhuring darmo jangkeping adicoro panggihing temanten sarimbit kalajengaken krobogan : antawisipun bobot timbang, kacar kucur dahar kembul, ngunjuk toyo wening lan sungkem.

-          Lampahing bobot timbang bilih panganten kekalih kapangku dening kang romo kanthi asto kekalih karangkulakan ing pamidanganipun temanten sekalian, sineksenan dening ibu miwah poro-poro ingkang humiyat punopo malih poro sepuh ingkang mehambeg darmo.

-          Pasemonipun bilih romo ibu kekalih sampun satraju mengestoni lan jumurung puji hastawanipun dateng daupipun temanten sekalian, kanthi sampun mboten badhe emban cindhe emban siladan anggenipun angrengkuh dumateng putro temanten kekalih karengkuh kados yugo piyambak lan mboten wonten pundi ingkang sinebat putro mantu sedoyo ka anggep sami.

 

KACAR KUCUR

-          Kacariyos dupi wus ngancik ing titilaksono kacar kucur,  penganten kakung geyo jumeneng ngasto tilam lampus ing isi wos kapuroto jowo ketos polowijo sekar panco warno miwah arto receh, kasuntak ing pangkuning kang garwo, katadahan katampi mawi sindur ingkang awarni rekto.

-          Guno tompo koyo nun inggih pralambang tanggel jawabing priyo minongko tetunggaling keluargo darbe tanggel jawab nyekapi sandang boga ing kluargo. Kawuryan pinanganten putri tonpo koyo datan wonten ingkang marebel senadyan kang sajugo, mratandani dados wanodyo ingkang gemi nastiti surti tur nganti-ati.

 

 

DAHAR KEMBUL

-          Tumuli risang pinangaten nindaaken dahar kembul, dahar nedo kembul yo wus ngarani sesarengan, pralambang sageto tumangkep manggih sih katresnanipun temanten kekalih jumbuh ingkang ginayuh, sembodo ingkang sinedyo, rengganing boso ngaten sinebat manunggaling karso marganing mulyo.

 

NGUNJUK TOYA WENING

-          Sri penganten sarimbit ngunjuk toyo wening, dadi pratondo badhe nyecep maduning asmoro janmo, ing tembe saget mbabar putro kang minongko rerengganing bale wismo. Ugi saget pratondo sedoyo tumindak muno muni badhe kapenggalih kanti weninging nolo satemah amung rahayu kang bakal tinemu kados unen-unen :

o   Ajining diri gumantung ono ing lathi

o   Ajining rogo gumantung ono ing busono

o   Ajining awak gumantung ono ing tumindak

 

BADHE UPOCORO SUNGKEM

-          Nun inggih poro tamu lan poro lenggah ingkang kinurmatan, kadang besan sutrisno penjenenganipun Bp/Ibu ………….. sumonggo lenggah aben ajeng kalian BP. ………………… (ingkang hamengku gati) wonten sasono ingkang sampun sumadyo, kepareng badhe hanampi duwung panjenenganipun Bp………hambok bilih sampun samekto ing gati rahayuning sedoyo kasumanggaaken.

 

SUNGKEM

-          Wus lengser saking palenggahan temanten kakung hanganti ingkeng garwo sumarak wonten ing ngarsanipun Bopo tuwin ibu, tumuli sumungkem lan ngabekti nyuwun idi pangestu anggenipun polokromo mugi tansah manggih bagyo mulyo, saget langgeng dumugi salami lamiyo.

-          Lan bakti dumateng ingkeng romo labet enget bilih ingkang romo wus ngukir jiwo rogo dadiyo lantaraning tuwuh. Parandene sungkem dateng ibu labet enget bilih ingkang ibu wus kinaryo papaning yoga broto sak lebeting nowo condro doso ari, sarto hangleliting wiwilahe dumugi akir dewoso, bebasan cilik di gedekake bodho kapinterake, brool konang waspo ingkeng mijil saking anggeniro temanten kekalih, tumibeng ing pangkone romo lan ibu kadyo mutioro kang rinonce. Kaladuking kang ngrumpoko boso bebasan banjir luh soroh waspo sajroning sasono rinenggo.

-          Wus paripurno anggenipun sungkem pangabekten temanten kekalih dateng romo ibu, lajeng kanthi kebak toto kasusilan subositaning putro dateng tiyang sepuh, jumangkah alon-alon arso nglenggahi dampar rinenggo ingkeng kasosro sarwo sarwi edipeni.

-          Poro tamu lan poro lenggah ingkeng sinubo ing pakurmatan wasono cekap semanten anggen kawulo ngrumpoko kagem jejering penganten ingkang nembe kawiwoho wiwit panggih, bobot timbang, kacar-kucur ngantos dumugining sungkem.

 

WEKDAL MIRONGGAN

Poro tamu lan poro lenggah ingkeng kinurmata

Bilih pahargyan ing kalenggahan puniko dereng paripurna, ingkang puniko keparengo nyebar godong koro keparengo sabar sakwetoro, lan kangge minyak sepening swasono sumonggo dumateng kadang-kadang organ tunggal katuraken tetembangan ingkang jumbuh kalian kawontenan ing siang puniko.

PAMBAGYOHARJO

Poro rawuh ingkeng satuhu saduhing budi, ngaturi wuningo bilih ingkeng hamengku gati Bp/ibu ….. badhe nglahiraken punopo ingkang dados isi raosing penggalih, ing sakrehning panjenenganipun mboten saget nyarirani piyambak jalaran raos bombong, miwah mongkoke manah, karono karoban ing sih sedoyo ingkang sampun kepareng hanjenengi, pramilo nyuwun gunganipun Bp …… ingkang badhe kajajaran Bp…. Soho bp……. Mbok bilih sampun samekto ing gati mrih rahayuning sedyo kasumunggaaken.

CEKAP ATUR PAMBAGYOHARJO

Satuhu, terang gamblang wijang, wijiling pangandiko kaduh ruruh hangarah prono penjenenganipun BP. …. Anggenipun ngaturaken pambagyoharjo miwah wosing gati sampun paripurno.

UPOCORO KIRAB KANARENDRAN I

Poro tamu lan poro lenggah sedoyo ingkang kinurmatan, temanten sarimbit badhe jengkar marak sowan wonten ngarso panjenengan winastan kirab kanarandran, badhe manjing wonten sasono busono kasatriyan, lan kados sampun samekto ing gati poro parogo ingkang badhe njengkaraken putro temanten, rahayuning sedyo kasumanggaaken dumateng poro ingkang piniji, sumonggo.

 

PANYONDRO KIRAB KANARENDAN I

Dampyak runtut swaranyo angayut ayut, lah puniko to wau swaraning pradonggo, ambabar ketawang langen gito sri nalendro.

Humiring tindak iro sekaring pahargyan pawiwahan nun inggih risang pinanganten kekalih, ingkang arso kirab ongko sepisan, saperlu gantos busono kasatriyan ingkang satuhu ilo-ilo ujaring poro kino ingkang dahat pinundhi pundi, sarto angleluri laksito harjo nulat edi endahing budoyo.

Sinten to ingkang sinaroyo anawung krido minongko pangarsaning lampah ingkang sinebat subo manggolo yo manggolo subo.

Satuhu puniko penjenenganipun bp….. dasar dedeg pidekso apengawak praboto, sembodo ing driyo tan amengkuh saliring kewuh, bangkit angentasi karyo, kasembuh wiwit naliko timur mulo angung ginunggung ginolo nolo inguling marang pepoyaning kautaman, milo mboten nomo mokal kelamun to anggeniro kapiji minongko subo manggolo, anggung anengenaken mring kasusilan miwah subosito.

Kautamaning sang subo manggolo soyo ngalelo, kacihno lebdo ing adi endahing budoyo, katitik anggeniro mangarsani kirabing temanten tumapak podo tinoto runtut antut nut wiramaning gending, sinawung ebahing asto angapurancang, jumbuh kalian sesanti ing ngarso sung tulodho.

Sawurining sang subo manggolo ono mudo tumaruno lumaksono jajar kalih, ingkang dhahat mabukuh pratondho prayetning kewuh, sayekti puniko ingkang sunaroyo mangolah krido minongko yudho manggolo kaprah sinebat talang pati, pratiwo manggolo, ugi winastan satriyo kembar, kaparagan dening kang abagus, ……. delasan bagus…………, kekalehipun samiyo kembar, kembar ing busono, kembar ing warno, dinulu sasat jambe sinigar, sinaring pasuryan sumunu wenes angilar ngilar, bregase satriyo kembar.

Sarwo kembar mengku pralampito dateng putro temanten tansah kembar pakartine, kembar cipto roso lan karsane, menggah werdinipun satriyo pralampito mugi sri atmojo temanten sageto hangugahi jejering satriyo tomo ingkang winengku tri perkawis.

-          Ora golek seneng nganging kudu biso gawe senenge liyan

-          Ora golek marem nanging kudu biso gawe mareming liyan

-          Ora golek jeneng nanging kudu biso njunjung asmaning liyan

Inggih tiyang ingkang sampun saget nindaaken tri perkawis puniko saget pikantuk sesebatan satriyo tomo ingkang abudi luhur puniko pangajabing putro temanten

Sinambunging wuri tindak iro satriyo kembarlah puniko to warnaniro ingkeng winastan patah sakembaran ingkang dumadi saking kenyo alit alit ingkang ayu-ayu warnane edi peni busanane, asung pralempito dumateng putro temanten pinongko :

Panuntun

Amrih temanten sekalian

Tansah bisoa

Asih, asah, asuh ingkang sarto

Hayu, hayom, hangayemi

Ingkang lumaksono sak wingkingipun patah sak kembaran lah puniko pinongko punjering cinarito inggih sekaring pawiwahan, tindake putro temanten sekalian ingkang kinanthi penjenenganipun ibu …. Soho ibu … anggenyo lumaksono tansah kekanthen asto bebasan renggang gulo kumepyur pulut datan genggang sak rambut, sak pecak mangu satindak kendel ing sedoyo amung meminto nugrahaning gusti sarto nyuwun dumateng poro rawuh mugi anggenyo netepi darmaning agesang ngancik ing alam madyo ingkang linantaran hanambut sih sutrisno susilo hakrami tansah pinaringan rahayu nir ing sambikolo.

Ingkang lumaksono sak lajur sisih jajar kalih sak wingkingipun putro temanten nun inggih Putri Domas. Wekdal puniko  putri ingkang pindho domas namung nenem ingkang ateges nemtoaken jumbuh ing raos sejati kang tumanduk dumateng putro temanten ingkang ginebeng.

Nem perkawis inggil puniko :

1.      Wahyaning raos hasmoro nodho inggih sengseming pangucap

2.      Wahyaning raos hasmoro Nolo inggih sengseming manah

3.      Wahyaning raos hasmoro turo inggih sengseming sih

4.      Wahyaning raos hasmoro turido inggih sengseming kaprihatosan

5.      Wahyaning raos hasmoro tontro inggih sengseming turin

6.      Wahyaning raos hasmoro gomo inggih sengseming saresmi

Sak wingkingipun putri kang pindho dhomas, poro kadang wredho ingkang sami sarimbit sekalian garwo estining manah amung jurung puji hastuti pujo hastowo tansah pinaringan karaharjan.

Ingkang lumaksono sak wingkingipun sri temanten sekalian ingkang romo soho ibu pinongko jejering pungkasaning lampah ingkang ing ngarso asung tulodho ing madyo mangun karso ing wuri handayani rumaos bombong birawaning manah ingkang romo soho ibu ngawuningani putro temanten sekalian.

Ingkang ginarubyuk poro kadang wandowo soho sineksen sanggyaning poro rawuh mugi anggenyo netepi wajibing gesang lantaran nambut sih sutresno susilaning akrami tansah manggiho raharjo mulyo.

Wus ndungkap unggyan ingkang tinuju sang subo manggolo geyo sung sasmito dateng putro temanten nulyo  manjing ing sasono busono ngrucat busono kanarendran hangrasuk busono kasatriyan.

Poro rawuh lan poro lenggah, mekaten menggah anggen kawulo ngaturaken rumpoko wedaran kirabing putro temanten, pangelembono miwah panyaruwe kasumanggaaken dumateng poro rawuh soho poro lenggah sedoyo.

 

CEKAP KIRAB I

Poro tamu lan poro lenggah sedoyo ingkang sinubo ing pakurmatan mekaten jengkaring putro temanten sekalian ingkang winastan kirab kanarendran sampun paripurno.

Sak lajengipun nun inggih kangge miyak swasono, kepareng kadang-kadang orgen tunggal kasuwun paring tetembangan ingkang jumbuh kalian kawontenan ing pawiwahan puniko wekdal kasumanggaaken, nuwun.

 

BADHE KIRAB II KASATRIYAN

Poro tamu lan poro lenggah ingkeng kinurmatan, wonten gondo arum sumerbak katiyubing samirono mondo, sung sasmito bilih putro temanten anggenipun ngrasuk busono kasatriyan sampun paripurno, keparenging sedyo humarak sowan malih wonten ngarso penjenengan sedoyo, kaladuking atur winastan kirab kasatriyan, hambok bilih sampun samekto ing gati sawego ing diri kasumanggaaken dumateng poro-poro ingkeng piniji, kirabing putro temanten binarung ungeling ketawang subo kastowo, sumonggo.

 

PANYANDRO KIRAB KASATRIYAN II

Wus tinarbuko wiwaraning sasono busono, kumenyar asung prabowo, kenthar-kenthar angambar  kongas gondoniro merbuk arum mewangi, sumirat mirat tejo moyo moyo, soyo dangu soyo melengoni, soyo cerak soyo anggranuhi, sanyoto tejane sang pinanganten mijil saking wismo busono arso mahas ning wismo wiwoho.

 

PANYONDRO KIRAB KASATRIYAN II

Gyat kang samiyo humiyat

Wit pasemone sang pinanganten ngagem busono kasatriyan kang sarwo endah, ketingal gagah pidekso myang gandes luwes sang rinojo putri, wenang den ucapno pepindane wong agung ing ngeksi gondo duk ing wuni. Dasar satriyo pekik ing warno ngagem busono kang sarwi endah, pating calorot pating galebyar sunare pepindane kartiko kang asesilih prenah, sang dyah ayu tumungkul semu mesem ing wardoyo rinenggo sesotyo maneko warno.

Tindakkpun temanten sarimbit sami atut runtut reruntungan, sih kinasihan gegandengan asto, mrantadani bilih kekalihipun sampun sami mangun sedyo, badhe tansah sesarengan pindho mimilan mintuno ngantos kaken kaken lan ninen ninen saking donyo podo dumugiyo delahan.

Kang apindo putri asto soto anglur selur dalidir kadyo putri boyongan saking wewengkon predikan ing toyo biru.

Sumusul ingkang mungguhing wuntat, puniko romo ibunipun memayungi lampahing penganten sarimbit, sedoyo berowo sarto mempen ugi puji puji santi astuti basuki kang kaudi, lestari kang kaesthi. Penjenenganipun romo ibu penganten kekalih ketingal kekembeng waspo kabekto saking raos bombonging manah linandesan puji syukur mring gusti ingkang moho agung awit sampun karoban ing sih nugroho saenggo saget hanjenengi pawiwahan ing kelenggahan puniko.

Sang subomanggolo minongko pangarsaning kirab, sakedap kedap tumuleh atur tengoro dumateng kang nendheng kirab, tan prabedo myang poro poro kirab, poro pinisepuh, poro tamu kang kebak ing suko bagyo katingal konjem lenggah semu mesem.

Kawistoro lamun kalegan ing sedoyo pramilo ing batos tansah paring puji dungo pudyastowo mrih penganten kekalih tansah teguh rahayu basuki salami lami.

Sang pinanganten tuhu loro loroning atunggal tunggal tungguling aloro, kang sawiji priyo kang sawiji putri, geleng gilig geleng rumasuk jumbuh angurut ing cipto, roso, karso, doyo miwah karyane, munggeng jajar kalenggahen sowang sowang rumongso handarbeni, wajib hangrungkebi, mulat sariro hangroso wani.

Ingkang putro ginadhang gadang tatag angedepi godho panggodo, amberat salwiring rindu pangrindu, kawogang dadiyo pangarso hangayomi, hangayemi, hangayani sanggyaning dasih kaswasih.

Tan rinaos tindaking sang subo manggolo ndungkap ing sasono rinenggo, pramilo sigro ngaturi penganten kekalih mapan lenggah ing dhampar rinenggo.

Tanggap sasmito sang penganten kekalih, sigro mapan lenggah satoto marak ing ngarsanpun poro tamu saperlu nyenyadong angentasi karyo, nut laksitaning poro tomo.

Purno samudayanipun sang subo manggolo asung sasmito mring sang pindho noropati miwah parameswari, ingaturan lenggah ing sasono minulyo, saklajengipun sang subo manggolo hangiring wangsul mring ingkang samiyo angiring ambayangkoro, ingaturan bedhal wangsul ing papane sowang sowang, nuwun.

 

CEKAP KIRAB II KASATRIAN

Poro tamu lan poro lenggah, paripurnaning kirabing putro temanten sekalian winastan kirab kasatriyan, ingkang puniko atur uningo bilih pahargyan ing kalenggahan puniko dereng paripurno, mugi nyebar godong kawis nyuwun sabar ingkang sakwetawis.

Paripurnaning pahargyan ing mangke hambok bilih putro temanten sampun jengkar saking sasono wiwoho tomo marak wonten sak ngajenging wiworo pratondo cetho bilih pahargyan sampun paripurna.

Lan dumateng kadang-kadang organ tunggal…………………… sumonggo kaaturaken tetembangan ingkang nambai gayenging swasono pawiwahan puniko. Nuwun.

 

BADHE PARIPURNANING GATI

Wahyaning mongsokolo sampun ndungkap paripurno, jumbuh kalian urut reroncening adicoro purwo madyo wasono sampun kalampahan dening poro keluargo, kanthi kalis ing rubedho nir ing sambikolo.

Minongko pratondo paripurnaning adicoro, kasuwun temanten sarimbit ugi romo ibu jengkar tumuju wiwaraning wismo, sak perlu hanguntapaken kondoripun poro tamu soho nyuwun tambahing berkah pangestu, inggih kanthi ka iring lampah ladrang gleyong.

Lan sampun paripurno pahargyan puniko, lumantar pangendaliworo sepindah malih ingkang hamengku gati Bp/ibu…ngaturaken agunging panuwun soho hambok bilih angenipun nampi karawuhan sami wonteno kuciwaning bojokrami, wonten anuh ingkang kirang wanuh, lungguh ingkang mungguh, miwah suguh ingkang kirang lawuh, mawantu wantu nyuwun lumunturing sih samodro pangaksami.

Semanten ugi hambok bilih anggen kawulo magut wicoro, hangrakit boso wonten cawuh kliruning ukoro, kisruhing paramo sastro miwah kiranging subosito, kupat januri tuwo menawi lepat nyuwun pangapuro. Katutup kanthi sesanti joyo-joyo wijayanti mugi rahayu ingkang sami ginayuh…

Maturnuwun. Akhirul qalam wassalam….

Tidak ada komentar:

Posting Komentar